Wikiversity
![](https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/4/41/Taraka_Ramayana.jpg/220px-Taraka_Ramayana.jpg)
Tataka ing carita Ramayana (Sanskerta: ततका ; Tatakā) utawa Taraka (Sanskerta: तरका; Tarakā) iku raseksa, anaké yaksa kang jenengé Suketu. Ibuné jenengé Marica. Dhèwèké dikutuk déning Resi Agastya dadi èlèk raine. Dhèwèké urip ing Dandaka ing India Kidul bareng karo anak-anaké. Sawisé gawé rusuh lan ganggu para resi, dhèwèké dipateni déning Rama lan Lesmana saka Ayodya kang lumaku tumuju Sidhasrama bareng Resi Wiswamitra.