Cloud-Standards.org
Pratélaning isi
República del Perú | |
---|---|
Motto: Libertad y Orden (Spanyol: "Kebebasan dan Orde") | |
Gunagita: Somos libres, seámoslo siempre | |
Kuthagara lan Kutha paling gedhé | Lima |
Jawatbasa | Spanyol |
Papréntahan | Républik |
Kamardikan | |
• Banyu (%) | 8,8% |
Population | |
• Pikira-kira 2006 | 27.219.264 (39) |
• Cacahjiwa - | - |
GKK (ITK) | Pikira-kira 2005 |
• Gunggung | US$153 miliar (47) |
• Saben wong | US$5.556 (99) |
Artacihna | Nuevo Sol (PEN) |
Laladan wektu | UTC-5 |
• Mangsa ketiga (AKK) | UTC-5 |
Kodhé bèl | 51 |
TLD internèt | .pe |
Républik Peru (basa Spanyol: Perú; basa Quechua, basa Aymara: Piruw) iku nagara ing Amérika Kidul pérangan kulon, wewatesan karo Ekuador lan Kolombia ing sisih lor, Brasil ing sisih wétan, Bolivia ing wétan, kidul-wétan lan kidul, Chili ing kidul lan Samodra Pasifik ing kulon. Peru minangka nagara kang sugih bab budaya antropologi, lan dikenal minangka panggonan lair Karajan Inca kang kutha krajané ing Macchu Piccu.
Sajarah
Sadurungé wong Spanyol teka, Peru minangka panggonan saka warna-warna kabudayan pra-Inca lan sabanjuré, Karajan Inca. Francisco Pizarro ndharat ing pasisir Peru taun 1532, lan ing pungkasan taun 1530-an, Peru dadi Viceroy lan minangka sumber emas lan pérak utama kanggo Karajan Spanyol.
Peru mbiwara kamardikané saka Spanyol ing tanggal 28 Juli 1821 amarga anané aliansi antara bala Argentina José de San Martín, lan bala Neogranadine Simon Bolivar. Présidhèn kapilih pisanan, nanging, ora kuwasa nganti taun 1827. Saka 1836 nganti 1839 Peru lan Bolivia dadi siji sajeroning Konfederasi Peru-Bolivia, dibubaraké sawisé konflik mawa sanjata karo Chili lan Argentina. Antara taun-taun iki, kaanan isih durung aman, lan bala minangka kakuatan pulitik wigati.
Antara taun 1879 lan 1883, Peru lan Bolivia nggawé aliansi manèh lan perang nglawan Chili sajeroning Perang Pasifik. Sawisé perang rampung (kanthi kèlangan provinsi Tarapaca), kastabilan pulitik bisa digayuh, ing wiwitan taun 1900-an; nganti tekané mangsa kadiktatoran Augusto Leguia.
Pulitik
Présidhèn Alejandro Toledo iku pemimpin nagara Peru wektu iki lan Ketua Perú Posible. Dhèwèké kapilih kanthi 53% swara pemilih ing Pemilu babak kaloro taun 2001 lan ngalahaké tilas Présidhèn Sosialis Alan García Pérez. Perú Posible ngraih 45 kursi saka 120 kursi parlemen. Kanggo posisi kaloro lan katelu, dinggoni Partido Aprista Peruano (PAP, 28 kursi) pimpinan Alan García Pérez lan Unidad Nacional (UN, 17 kursi) pimpinan Lourdes Flores Nano.
Wewengkon
Wewengkon Peru dipérang dadi 25 region (jamak:regiones; tunggal: región). Region iki dibagi dadi provinsi, kang dumadi saka dhistrik. Peru ndarbèni 180 provinsi lan 1747 dhistrik.
Tlatah kang dipanggoni déning kutha Lima karan Lima Metropolitana (Metropolitan Lima) lan ora kalebu region mau.
Nganti taun 2002, Peru dipérang dadi 24 departamentos (departemen), lan akèh wong isih migunakaké istilah iki kanggo ngarani region kang saiki, sanadyan istilah departemen iki wis ora dianggo manèh.
Géografi
Peru dumunung ing Amérika Kidul pérangan kulon, wewatesan karo Samodra Pasifik Kidul, antara Chili lan Ekuador. Uga wewatesan karo Kolombia, Brasil, lan Bolivia.
Dhataran pasisir kulon dipisahaké déning dhataran endèk alas Basin Amazon, ing kidul karo Andes kang dhuwur. Ing tapelwates Bolivia ana Tlaga Titicaca, tlaga paling dhuwur (kang bisa dilayari) sadonya kanthi elevasi 3821 m.
Ékonomi
Ékonomi Peru wis ana paningkatan orientasi pasar, kanthi rampungé privatisasi wiwit taun 1990; jaroning indhustri pertambangan, listrik lan telekomunikasi. Amarga anané investasi manca kang kuwat lan kerja sama antara papréntahan Alberto Fujimori, IMF lan Bank Donya, pertumbuhan kuwat kagayuh antarané taun 1994-1997 lan inflasi bisa kakendhali. Ing taun 1998 lan 1999, akibat El Niño ana ing babagan pertanian, krisis finansial Asia, lan kaanan ora stabil ing pasar Brasil ngurangi pertumbuhan mau. Peru kasil ngatur negosiasi kanggo Fasilitas Dana Tambahan karo IMF ing sasi Juni 1999, sanadyan kudu bolak-balik negosiasi sasarané. Tekanan sajeroning gunggungé pengeluaran (blanja)tansaya nambah ing Pemilihan taun 2000.
Urutan internasional
- Reporters sans frontieres-indeks kabebasan pers sadonya 2004: Urutan ka-123 saka 167 nagara
- Indèks Pembangunan Manungsa 2004: Urutan ka-85 saka 177 nagara
Uga delengen
Pranala njaba
- Situs pamaréntah Peru Archived 2018-11-05 at the Wayback Machine.
- Situs resmi pariwisata Archived 2007-09-28 at the Wayback Machine.
- PeruInfo.org Archived 2006-02-06 at the Wayback Machine.
- Pic Peru south