Clinfowiki
Pratélaning isi
Histologi iku babagan biologi kang nyinaoni struktur jaringan kanthi detil migunakaké mikroskop marang cawisan (sediaan) jaringan kang dipotong tipis. Histologi bisa uga sinebut èlmu anatomi mikroskopis. Babagan biologi iki migunani banget sajeroning kaakuratan diagnosis tumor lan manéka lelara liya kang sampelé perlu pamriksaan histologis.
Cara gawé sediaan histologis karan mikroteknik. Gawé sediaan saka sawijining jaringan diwiwiti kanthi operasi, biopsi, utawa autopsi. Jaringan kang dijupuk sabanjuré diprosès kanthi fiksatif kang bakal njaga supaya sediaan ora bakal rusak (gèsèr posisiné, bosok, utawa rusak). Fiksatif kang paling umum dipigunakaké yakuwi formalin (10% formaldehida kang dilarutaké sajeroning banyu). Larutan Bouin uga bisa kanggo fiksatif alternatif sanadyan asilé ora bakal apik kaya formalin amarga bakal ninggal tilas warna kuning lan artefak. Artefak iku barang kang ora ana ing jaringan asli, nanging katon ing asil pungkasan sediaan. Artefak iki dumadi amarga kurang sempurnané gawé sediaan.
Sampel jaringan kang wis kafiksasi direndhem sajeroning cuwèran etanol (alkohol) bertingkat kanggo ngilangaké banyu sajeroning jaringan (dehidrasi). Sabanjuré sampel dipindah menyang toluena kanggo ngilangaké alkohol (dealkoholisasi). Langkah pungkasan kang diayahi yakuwi nglebokaké sampel jaringan sajeroning parafin panas kang nginfiltrasi jaringan. Sajeroning prosès kang lumangsung watara 12-16 jam iki, jaringan kang wiwitané lembek bakal dadi atos saéngga luwih gampang dipotong nganggo mikrotom. Pamotongan nganggo mikrotom iki bakal ngasilaken lapisan kanthi kandel 5 mikrometer. Lapisan iki sabanjuré didèlèh ing sadhuwuring kaca objek kanggo diwènèhi warna.
Pewarnaan perlu diayahi amarga objek kanthi kandel 5 mikrometer bakal katon transparan sanadyan ing sangisoring mikroskop. Pewarna kang biyasa dianggo ya iku hematoxylin lan eosin. Hematoxylin bakal mèhi warna biru ing nukelus, déné eosin mènèhi warna abang enom ing sitoplasma. Isih ana manéka dat warna liya kang biyasa dipigunakaké sajeroning mikroteknik, gumantung marang jaringan kang péngin diamati. Èlmu kang nyinaoni pewarnaan jaringan karan histokimia.
Klasifikasi histologis jaringan kéwan
- epitelium: nglapisi klanjer, saluran pancernaan, kulit, lan sawatara organ kaya ati, paru-paru, ginjel
- endotelium: nglapisi pembuluh getih lan pembuluh limfa
- mesotelium: nglapisi gronggongan pleural, peritoneal, lan perikardial
- mesenkima: sèl kang ngisi ruangan antarorgan, umpamané sèl lemak, otot, lan tendon sèl getih: dumadi saka sèl getih abang lan getih putih, sajeroning limfa utawa limpa
- neuron: sel-sel kang mbentuk utek, saraf, lan sapérangan klanjer kaya déné pituitari lan adrenal
- plasenta: organ terspesialisasi kang duwé peran sajeroning pertumbuhan fetus sajeroning rahim sang ibu
- sèl indhuk: sèl-sèl kang bisa tumuwuh dadi siji utawa sawatara jinis sèl ing dhuwur.
Jaringan saka tetuwuhan, jamur, lan mikroorganisme uga bisa disinaoni kanthi histologis, nanging strukturé béda saka klasifikasi ing dhuwur.