The US FDA’s proposed rule on laboratory-developed tests: Impacts on clinical laboratory testing
Pratélaning isi
Cithakan:Infobox makluk legenda
Ana ing mitologi Yunani, kentaur (saka Grikenlan: Κένταυρος, "Kéntauros") utawa Sentaur utawa Hippokentaur yaiku makluk kang wujudé wujud setengah manungsa lan setengah jaran.[1] Ing lukisan vas Attika lan Boiotia awal, kentaur digambarke awujud pérangan mburi jaran kang awake ngabung karo awak manungsa genep.[1] Perkembangan sabanjuré penggambaran kenatur yaiku pérangan awak manungsa saka sirah nganti tekan boyok kang ngabung karo gumba jaran.[1] Pawujudan separo manungsa lan separo jaran iki ndadèkaké para panulis kang nganggep kenatur iku kalebu ana ing kelompok makluk liminal, yaiku makluk kang ana ing rong sipat, dicaritakake ing mitos kang kewalikane, yaiku pawujudan ana ing alam alasan, kaya nalika para kenatur perang lawan suku Lapith, utawa sakwalike nalika dadi guru, thuladane yaiku Kheiron.[2] Kentaur racaké karan lair saka hubungane Iksion lan Nefele (dewi awan kang digawé pada wujud Hera).[2] Versi liyané yaiku ras kentaur iku keturunan saka Kentauros, kang nglakoni senengé ngakokake gayutan sèksual karo jaran wédok ana ing Magnesia.[2] Kentauros dhéwé dimungkinake putra Iksion lan Nefele utawa putra Apollo lan Stilbe, putri déwa kali Peneus.[2] Ana ing versi kang kaping loro, Kentauros duwé sadulur jenenge Lapithos, leluhur suku Lapith. Kentaur manggon ana ing laladan Magnesia lan Gunung Pelion ing Thessalia, hutan ek Foloi ing Elis, lan ujung Maleia ing Lakonia kidul.[1] Kentaur racaké metu ijèn utawa golongan ana ing carita-carita Yunani kuna, kaya ana ing kisah penculikan Deianeira déning Nessos lan kisah kawinane Pirithous.[2] Kentaur individual kang misuwur yaiku Nessos, Kheiron, Folos, Eurition.[2] Ana ing kisah Herakles akèh jinis-jinis kentaur sing liyané.[2]
Ètimologi
Tembung kentauros ana ing basa Yunani ora duwé asal usul kang jelas.[1]
Cathetan suku