Type a search term to find related articles by LIMS subject matter experts gathered from the most trusted and dynamic collaboration tools in the laboratory informatics industry.
Neutrofil (Inggris: neutrophil, polymorphonuclear neutrophilic leukocyte, PMN) ya iku péranganing leukosit saka golongan granulosit. Bebarengan karo loro sèl granulosit liyané, ya iku eosinofil lan basofil kang nduwé granula ing sitoplasma banjur diarani polymorphonuclear amarga nduwé wujud inti sèl kang anèh. Granula neutrofil awerna abang rada biru kanthi inti sèl kang cacahè telu.
Neutrofil iku salah sawijiné jinis leukosit, mligi kang dhapuré granulosit kang isiné pewarnaan butiran nétral, kantong-kantong cilik enzim kang mbantu sèl kanggo matèni lan nyerna mikroorganisme sawisé dilek déning fagositosis.[1] Neutrofil mateng nduwé nukleus kang kapérang dadi ros-ros kang diarani segmen utawa poli, déné neutrofil imatur nduwé nukleus kang dhapuré pita kang diarani band. Umuré neutrofil udakara 3 dina.[1] Neutrofil duwé sipat fagosit, wujud inti sèlé manéka warna kanthi wujud gagang, nglengkung, lan nyabang-nyabang.[2]
Perbandhingan leukosit saka neutrofil padatan nganti 50-60%. Sungsum balung normal wong diwasa bisa ngasilaké paling ora 100 miliar neutrofil ing wektu sadina lan bisa mundhak tikel sepuluh yèn kadadéan inflamasi akut. Sawisé ucul saka sungsum balung, neutrofil bakal ngalami enem prosès morfologis, ya iku mielocit, metamielocit, neutrofil non segmen (band), lan neutrofil segmen. Neutrofil segmen minangka sèl aktif kanthi kapasitas kebak kang ngandhut granula sitoplasmik (primer atau azurofil, sékundhèr, utawa spesifik) lan inti sèl kang ana ronggané kaya ing kromatin. Sèl neutrofil kang rusak bakal dadi nanah.
Panalitiyan anyar ngenani baktèri kang bisa nyerang kekebalan awak wis ngyakinaké para élmuwan bilih neutrofil kang akèh cacahé bisa nemtokaké apa sistem kekebalan awak bakal ngidinaké utawa nyegah infèksi baktèri.[3]
Neutrofil kang nggawé watara 60% saka kabèh leukosit, ya iku komponèn sèlulèr gedhé dhéwé saka sistem kekebalan awak manungsa. Miliaran ana ing jero awak manungsa. Padatan, neutrofil ncerna lan banjur mejahi baktèri ingkang mbebayani kanthi ngasilaké molekul kang ngandhut racun tumuju sèl, kalebu zat pemutih kados ta kang diarani asem hipoklorit. Sawisé baktèri iki dipatèni, neutrofil ngrusak awaké dhéwé ing sawijining prosès kang diarani apoptosis. Bukti paling anyar nuduhaké bilih prosès iki wigati banget kanggo nambani infèksi ing awak manungsa.[3]