Knowledge Base Wiki

Search for LIMS content across all our Wiki Knowledge Bases.

Type a search term to find related articles by LIMS subject matter experts gathered from the most trusted and dynamic collaboration tools in the laboratory informatics industry.

     

Data iku cathetan kumpulan fakta.[1] Data minangka wangun jamak saka tembung datum, asal saka basa Latin kang tegesé "sawenèh kang diwènèhaké". Sajeroning panggunaan sadina-dina data ateges siji pratélan kang ditampa kanthi apa anané. Pratélan iki wujud asil pangukuran utawa pangamatan siji variabel kang wanguné bisa wujud angka, tembung, utawa citra.

Sajeroning kaèlmuan (èlmiah), fakta dikumpulaké supaya dadi data. Data banjur diolah saéngga bisa ditampilaké kanthi jelas lan tepat, lan bisa dimangertèni déning wong liya kang ora langsung ngalami dhéwé, bab iki dijenengaké dhèskripsi. Pamilahan data miturut pepadhan lan prabédan kang dikandhut dijenengaké klasifikasi.

Rujukan

  1. Vardiansyah, Dani. Filsafat Ilmu Komunikasi: Suatu Pengantar, Indeks, Jakarta 2008. Hal.3