Informatics Educational Institutions & Programs

Lokasi tlatah kutub
Werna ungu tlatah beku permanèn ing tlatah lor

Tlatah kutub iku tlatah ing bumi saubengé kutub bumi, uga dikenal minangka tlatah beku. Kutub Lor lan Kutub Kidul minangka punjeré, tlatah iki didominasi déning lapisan ès ing Samodra Arktik lan bawana Antartika. Lapisan ès ing kutub saiki wis suda akibat saka anané pamanasan global.

Dhéfinisi

Arktik (Kutub Lor), duwé sawatara dhéfinisi, kalebu tlatah loré bunderan kutub (66-33N), utawa tlatah ing saloré garis lintang 60 derajad, utawa tlatah saka Kutub Lor nganti Garis Kayu (timberline).

Antartika (Kutub Kidul), biyasa diwedharaké minangka tlatah sakidulé garis lintang kidul 60 derajad, utawa bawana Antartika. Prajanjèn Antartika taun 1959 migunakaké dhéfinisi kang resmi.

Uga delengen

Antartika

Arktik

Kutub

Pranala njaba

Gladri