Effects of the storage conditions on the stability of natural and synthetic cannabis in biological matrices for forensic toxicology analysis: An update from the literature

KB utawa Keluarga Berencana iku salah siji usaha kanggo ngukur jumlah anak lan jarak laire anak.[1] Supaya usaha iku bisa kasil mangka digawé pirang-pirang cara utawa alternatif kanggo nyegah kehamilan.[1] Cara-cara kang bisa dilakoni ya iku nganggo piranti kontrasepsi lan perencanaan kulawarga.[1] Program KB iki dianakake kanggo ngatur cacahing bayi kang lair supaya urip bisa luwih sejahtera.[2] Cacahing anak kang ideal miturut program iki mung loro saben kulawarga. Program iki dianakake wiwit taun 1970-an.

Tujuwan

Tujuwan kulawarga berencana ing Indonesia diperang dadi loro, ya iku tujuwan umum lan tujuwan mirunggan.

Tujuwan umum

Ningkatake kasejahteraanig ibu, anak ing atase wujud NKKBS (Normal Kulawarga Kecil Bahagia Sejahtera) kang dadi dhedhasar ndadèkaké bebrayan agung kang sejahtera kanthi ngendalekake kalairan sarta njamin laku tambahing pendhudhuk.

Tujuwan mirunggan

  • Ningkatake cacahing bebrayan agung kang nganggo piranti kontrasepsi.
  • Ngudhunake cacahing angka lairing bayi.
  • Ningkatake kasehatan kulawarga berencana kanthi cara nggawé arang caching kalahiran.

Cathetan suku

  1. a b c posyandu Archived 2011-06-27 at the Wayback Machine. (Dipuntingali 23Juni 2011)
  2. Program KB Bukan untuk Membatasi Kelahiran Archived 2012-04-18 at the Wayback Machine. (Dipuntingali 15 April 2012)