Effects of the storage conditions on the stability of natural and synthetic cannabis in biological matrices for forensic toxicology analysis: An update from the literature
Pratélaning isi
Praèn
Bahan utawa material iku dat utawa barang kang dianggo gawé sadéngah barang. Istilah bahan kadhangkala uga dianggo nyebut barang kang awujud kain. Saliyané iku bahan uga tegesé lebon saka siji prosès prodhuksi.
Material tèhnik
Material tèhnik iku jinis material kang akèh dianggo sajeroning prosès rekayasa lan indhustri. Material tèhnik diklompokaké dadi 6 golongan, antara liyané:
- Logam: waja, wesi cor, titanium, logam padhuan, lll
- Polimèr: polietilan, polipropilen, polikarbonat, lll
- Karèt: isopren, neopren, karèt alam, lll
- Kaca: kaca soda, kaca silika, kaca borosilikat
- Keramik: alumina, karbida silikon, nitrida silikon lll
- Hibrida: komposit, sandwich, foam
Sipat-sipat bahan
- Sipat mekanikal, kalebu kakuwatan tarik lan tekan, elastisitaselastisitas, kakuwatan kejut, lll
- Sipat termal, kalebu konduktivitas panas, temperatur makarya maksimum, koefisien ekspansi termal, difusivitas termal, lll
- Sipat listrik lan magnetik, kalebu konduktivitas listrik, dielektrika, magnetisasi, lll
- Sipat optik, kalebu refraktivitas, reflektivitas, absostif, lll
- Sipat kimia, kalebu korosifitas, oksidasi, ketahanan marang sinar ultraviolet, lll
Sawetara material wigati
- Logam
- Polimèr
- Keramik
- Kaca
- Semèn portland
- Watu
- Tèkstil
- sutra
- material asal saka dat urip
- Biomaterial
- Komposit
Pratélan pustaka
- Ashby, Michael; Shercliff, Hugh; Cebon, David (2007), " Materials - Engineering, Science, Processing and Design", Elsevier ISBN 0-7506-8391-0
Uga delengen
Pranala njaba